Kamis, 11 Desember 2008

Tarilem

Tarilem…….
Jeneng sing endah
Jeneng sing kenes
Jeneng sing apik
Ya uga jeneng sing gaul tumrape wong ndesa
Siji sijining sekolah swasta desa
Nang Madrasah
Kowe nggolet ilmu karo sisan ngaji

Lem…..
Omahmu cilik mentik karo pager gedeg
Nanging katon resik ora pating berakrak
Nek subuh esuk kowe ora keri anggonmu sujud
Sore ente kowe wis lunga ngaji
Ngantek kowe nduweni paribasan
“Mangan gedang akeh wijine
Nimbang begadang suka ngajine”

Lem ……
Pipimu sing alus tanpo lulur
Kudungmu sing dawa tekan dada
Lan Klambimumu sing dawa tekan ngisor
Uga omanganmu sing ora tau nglarani ati
Nambah ayumu

Byar jagad padang
Lintang gumebyar padang
Wong lanang bregas
Mampir maring gubuge tarilem

Lem…..
Tok…tok…. Tok….
Suara lawang di totok alon alon
Reeeeet….. Geblag
Suara lawang dibukak
Rupa ayu kang lugu rupo lugu kang ayu
Metu kang sajroning lawang omah mau

Lem ….
Aku sedulurmu lanang kang arep nulung
(omong wong mau mbuka critane karo nyawel tangane tarilem)

Lem ….
Nang kota akeh gawean sing butuh kepinteranmu
Kowe gelem melu aku …..?
Tarilem mantuk mantuk menjep kesenengen
Ngesuk mangkat bareng karo aku lem
Tarilem kesengsem mantuk mantuk ngantek ora bias turu

Byar jagat peteng
Lintang sirep gludug gemleger
Tarilem lunga digawa kalong

Bar bada let rong ndina
Jejer baris nang pinggir gili
Para babu babu antri bali
Kaya kebo bali mulih nyang kandange
Terilem ana ing kumpulan mau

Saiki …..
Nek subuh esuk tarilem mbenerna kemul
Sore ente tarilem lunga nang pertelon

Pipimu sing maune alus tanpo lulur
Saiki wis pating cloneh
Abang biru kaya kenang wenter
Klaimbimu sing maune dawa tekan ngisor
Saiki wis munggah duwur banget kaya bendera dikerek
Kudungmu sing maune rapet tekan dada
Saiki wis katon rambute pating blekatit kaya kabel telpun

Lem…..
Emut ora karo pari basanmu
“Mangan gedang akeh wijine suka begadang timbang ngajine”
Jawab terilem karo cekikikan sing digawe gawe
Lan tangane wis ngepit Ji Sam Su

Lem …. Lem….
Amit amit cabang bayi
Anak putuku aja tiru

Tidak ada komentar: